Abu al-Hasan Ali bin Muhammad bin Habib al-Mawardi (Arab: أبو الحسن علي بن محمد بن حبيب الماوردي), utawa kondhang kanthi aran Imam Al-Mawardi (Bashrah, k. 364 H/974 M - Baghdad, 450 H/1058 M), ya iku salah sawijining ngulama ahli pulitik lan fikih Islam kang lair ing Bashrah (saiki ing nagara Irak).[1]
Nalika enomé, Al-Mawardi sampun sinau manèka warna èlmu agama marang para guruné ing Bashrah lan Baghdad. Ing Bashrah, panjenengané sinau èlmu fikih Syafi'i saka Abul Qasim Abdul Wahid ash-Shimari, lan èlmu kadis saka Hasan bin Ali al-Jayli, Muhammad bin Ma'ali al-Azdi, lan Muhammad bin 'Adi al-Munqari. Sawisé iku, ing Baghdad panjenengané nerusaké sinau èlmu-èlmu hukum, sastra, lan basa Arab saka Abdullah al-Baqi lan Abdul Hamid al-Isfarayni.[2][3][4]
Al-Mawardi iku ulama kang nganut madahab Syafi'i.[3] Panjenengané dianggep wong kang ahli hukum, lan asring ditunjuk minangka hakim (qadi) ing mangsa kakuwaosan Bani Abbasiyah.[3] Kajaba iku, panjenengané uga diwènèhi tugas minangka utusan ing rundhingan antarané para khalifah Bani Abbasiyah lan para sultan Bani Buwaihiyah.[3] Ing babagan èlmu kawruh, Al-Mawardi sajatiné ngasilaké akèh karya seratan, nanging kang isih bisa tinemu mung bab 12 judhul waé. Karya-karya mau ya iku:[3][5]
Al-Mawardi tilar donya tanggal 30 Rabi'ul Awwal 450 H, kanthi yuswa 86 taun.[4] Panjenengané disarèkaké ing makam Bab Harb ing Baghdad.[4]