Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Ashanty

Ashanty
Ashanty
Ashanty
Latar wuri
Jeneng lair Ashanty
Lair (1983-11-04) Novèmber 4, 1983 (umur 41)
Jakarta, Indonésia
Jinis Musik Pop
Pakaryan Penyanyi, Aktris
Taun aktif 2005 - sapuniki
Parusahan rekaman MyMusic Records
Hubungan
Pasangan Anang Hermansyah (o. 2012)

Ashanty (lair 4 Novèmber 1983; umur 41 taun)[1], punika salah satunggaling penyanyi saking Indonésia.[2] Ashanty misuwur amargi nyanyi lagu ingkang irah-irahanipun Dulu.[2] Lagu wonten album punika ndadosaken Ashanty saged misuwur wonten stasiun radhio saha TV wonten ing Indonésia kados ta Dahsyat, Inbox, Play List, Take Him Out, Gebyar BCA, Kiss Vaganza, saha sanès-sanèsipun.[2] Album Ashanty ingkang sepindhah inggih punika album kanthi irah-irahan Ashanty ingkang dipundamel nalika taun 2009.[2]

Ashanty sapunika dados kanca dhuètipun Anang Hermansyah.[3] Sadèrèngipun Anang Hermansyah dados kanca dhuètipun Syahrini Jaelani.[3] Ashanty ugi ngakeni bilih Anang Hermansyah punika dados tiyang jaler ingkang saèstu caket kaliyan Ashanty.[3] Ashanty uga naté paring bebungah nalika Anang Hermansyah ambal warsa.[3] Bebungah punika dipunparingaken wonten ing panggung Kilau Emas 18 ANTV.[3] Ashanty ugi sampun nyiapaken kado punika kanthi temen.[3] Kajawi maringi kuwé ulang taun kanggé Anang, Asyanti ugi ngrawuhaken kulawarganipun Anang Hermansyah saking Jember, Jawa Wétan.[3] Anang ugi kagèt sanget nalika sedhèrèkipun rawuh saha minggah wonten ing panggung.[3] Ashanty ugi asring dhuèt kaliyan Anang nalika wonten adicara-adicara ingkang dipunsiyaraken wonten ing tivi.[3]

  1. Rena Pangesti (4 November 2021). "Rayakan Ultah, Ashanty Bongkar Umur yang Sebenarnya". Suara.com.
  2. a b c d hot.detik.com Archived 2013-03-28 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 13 September 2011)
  3. a b c d e f g h i showbiz.vivanews.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 13 September 2011)

Previous Page Next Page






Ashanty Spanish Ashanty ID Ashanty Malay Ashanty SU

Responsive image

Responsive image