Brahmandapurana ya iku karya sastra Jawa Kuna kang awujud gancaran. Karya sastra iki ora ngemot pananggalan kapan olèhé tinulis lan sapa kang mrentah nulis. Isiné manéka warna, kaya ta carita sujarah lelakoné donya lan jagatraya kacipta, kaanan alam, wetuné 4 warna (brahmana, ksatria, waisya lan sudra) lan liya-liyané.[1]