Decepticons

logonipun Decepticons

Decepticons (utawi ingkang kawastanan Destrons utawi Deathtrons wonten ing Jepang) punika salah satunggaling paraga/tokoh baku saking Autobots. Decepticons punika grup ingkang gadhah watak antagonis wonten ing serial Transformers. Para Decepticons punika saged memba (éwah) dados manéka werna barang, kadosta mobil, motor mabur lan ugi piranti ing militer. Decepticons punika dipunpimpin déning Megatron lan ugi Galvatron. Kathah-kathahipun Decepticons punika gadhah warni ungu lan ugi gadhah mata ingkang warni abrit. Salah satunggaling ingkang damel ungguling para Decepticons punika nalika wonten nginggil, amargi kathahipun anggota Decepticons punika saged mabur, béda kaliyan para Autobots ingkang paling ahli wonten dalan-dalan.

Pangertosan sanès Decepticons wonten ing sapérangan basa ing antawisipun: Decepticans' (ing Prancis), Distructors (ing Italia), Robotikák uatwi Álcák (ing Hungaria), Robotikus (ing Malaysia), Decepticonit (ing Finlan), Bedragarna (ing Swèdhen) lan Shakranikim (ing Israel).

Sami kados déné Autobots, Decepticons punika ugi gadhah saperangans sekutu, ing antawisipun Constructicons, Insecticons, Combaticons, Terrorcons, Predacons, lan Seacons.


Decepticons

Dodaje.pl - Ogłoszenia lokalne