Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Gangga

Dewi Gangga

Gangga inggih punika kali ingkang paling suci wonten ing tlatah India. Dèwi Gangga punika salah satunggaling Dèwi wonten ing Agama Hindhu ingkang dipunpuja dados dèwi kasuburan lan pangresik sakabehing dosa kanthi tirta suci. Dèwi Gangga kagambaraken kanthi wujud wanita ayu ingkang mancuraken tirta suci saking guci. Umat Hindhu pitados saumpaminipun siram wonten ing kali Gangga wonten ing wekdal ingkang trep, bakal pinaringan pangampunan dosa lan pinaringan slamet. Kathah tiyang-tiyang ingkang pitados manawi kasil mau saking kasiling siram wonten ing Kali Gangga. Tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken laku saking papan ingkang tebih saperlu nglarung awu mayit kulawarganipun wonten ing kali Gangga. Papan-papan suci kanggé umat Hindhu wonten ing pinggir kali Gangga, kados ta Haridwar, Allahabad, lan Benares.[1]

  1. [1](dipunundhuh tanggal 23 September 2012)

Previous Page Next Page






Gangga CEB Gangga English Gangga ID Gangga Swedish

Responsive image

Responsive image