Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Inihaw

Manéka jinis inihaw ing Fèstival Dinagyang

Inihaw ( diucapaké [ɪˈni:haʊ] ee-NEE-how ), uga dikenal minangka sinugba utawa inasal, iku manéka warna jinis olahan kanthi dipanggang utawa barbecue kang ngolahé kanthi dipanggang ing sawijining biting saka wesi. Olahan iki asalé saka Filipina, lan biyasané digawé saka daging babi utawa pitik lan disuguhaké kanthi ditusuk biting saka pring utawa ing sawijining wadhah kothak cilik kanthi kécap lan sawijining saus kang digawé saka cuka.

Inihaw uga bisa ngrujuk marang panganan daging utawa panganan laut kang dimasak lan disuguhaké kanthi cara sing padha. Inihaw umumé didol minangka panganan pinggir dalan lan dipangan nganggo sega putih utawa sega kang dimasak ing sajroning godhong klapa (pusô). Inihaw uga diarani Barbekyu Filipina utawa Pinoy BBQ. [1][2][3]

  1. Macatulad, JB. "4 Things to Know About Street Food in the Philippines". World Nomads. Dibukak ing 13 December 2020.
  2. "Sinugba". Eat Your World. Dibukak ing 13 December 2020.
  3. "10 Best Filipino Inihaw Recipes – Must Try!!". Panlasang Pinoy Recipes. Dibukak ing 13 December 2020.

Previous Page Next Page






İnihau AZ Inihaw English Inihaw TL

Responsive image

Responsive image