Kecapi inggih punika pirantos musik saking Sundha. Pirantos musik punika dipundamel saking kajeng Kenanga ingkang sadèrèngipun dipunrendem toya kirang langkung tigang wulan. Senaripun dipundamel saking kawat suasa inggih punika campuran jenar kaliyan tembaga. Nada ing kacapi Sundha cacahipun wonten gangsal, inggih punika Da, Mi, Na, Ti, La.