Keting | |
---|---|
![]() | |
Iwak keting, saka Bayung Lencir, Musi Banyuasin, Sumatera Selatan | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Actinopterygii |
Ordho: | Siluriformes |
Famili: | Bagridae |
Génus: | Mystus Scopoli, 1777 |
Spesies | |
Lihat pada teks. | |
Sinonim | |
Keting ya iku jeneng umum tumrapé sawenèh iwak banyu tawa kang kagolong ing marga Mystus, (suku Bagridae, bangsa Siluriformes). Jeneng lokal liyané tumrap iwak iki antarané keting, kating, lundhu, luthok, lélé jèngki, ndaringan, sengat, senggiringan, ririgi, kelibere lan sapituruté gumantung saka panggon lan spésièsé.
Klumpukan jinis iwak saka marga Mystus manéka warna, saka ukuran cilik nganti sedheng.[1] Sistimatika saka golongan iwak iki durung manteb lan isih prelu disinaoni manèh. Urut-urutan filogenik saka marga iki durung dimangertèni kanthi cetha nanging miturut panduganing para ahli ana loro garis paseduluruan utama. Marga Mystus diyakini asalé saka Asia Kidul lan Asia kidulwetan.
Keting kalebu iwak kang omnivora, gelem mangan sembarang panganan. Sawenèh jinis keting seneng mapan ing kali kang cedhak tempuran.[2]
<ref>
ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Chakrabarty