Mendoan yakuwé panganan sing gawene kang témpé sing diiris tipis utawa témpé khusus sing bentukké tipis terus digoréng karo glepung sing disogi bumbu rempah. Glepung sing dienggo biasané glepung beras tapi cokan dicampur karo glepung trigu. Méh kabeh wilayah Banyumas ana panganan mendoan kiyé.