Suona inggih punika satunggaling piranti musik ingkang kalebet jinis piranti musik sebul ingkang asalipun saking nagari Cinten lan wujud trompet [1]. Suona gadhah peranan ingkang wigati wonten ing musik tradhisional Cina. Suona ugi asring dipuntedahaken wonten ing permainan musik kanthi cara solo. Suona punika saged dipundamel saking bahan kayu mawi kathah model lan wujud kanthi sajarah ingkang dawa. Suona punika awujud kerucut lan wonten bolongan kanthi cacah 7 bolongan wonten ing pérangan ngajeng lan 1 bolongan wonten ing pérangan wingking. Suona punika dipundamel kanthi bahan dhasar saking kayu ingkang katutup kaliyan satunggal pipa saking tembaga lan kuningan ingkang ginanipun minangka corong. Piranti musik suona punika saged ngasilaken swara ingkang variasi, saking swara ingkang seru sanget lan jero saéngga cocog sanget kanggé nggambaraken émosi nalika bungah lan ugi nalika sisah. Suona punika dipununekaken nalika wonten adicara mantenan, ing prosesi pemakaman lan militèr. Nanging piranti musik sebul punika ugi dados lembut lan sentimental gumantung ing cara nyebul suona. Suona punika asring dipun-ginakaken minangka instrumèn pendamping wonten ing opera-opera tlatah Cinten.