Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Tompi

Tompi
LairTeuku Adifitrian
Pakaryanpenyanyi, pembawa acara, dhokter
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox person with unknown parameter "birthdate"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox person with unknown parameter "birthplace"

Teuku Adifitrian atau lebih dikenal dengan nama Tompi (lair ing Kutha Lhokseumawe, Acèh, 22 Sèptèmber 1978; umur 46 taun), iku penyanyi jazz, uga dadi dhokter profesi loro iku dilakoni kabehané, dadi penyanyi lan dadi dhokter.[1][2] Priya kalairan saka Lhokseumawe, Acèh.[1] Dhèwèké ngakuni manawa profesi dadi penyanyi iku namung amarga nyanyi iku hobiné.[1]

Dhèwèké, ngrasa manawa dhèwèké ora kudu dadi atris utawa ora dibayar sakalipun dhèwèké tetep bakal nyanyi.[1] Nanging, kabeneran digandheng déning indhustri musik.[1] Tompi kang nglakoni pagaweané iki tetep duwé usaha kanggo misah paggaweané dadi dhokter lan dadi penyanyi.[1] Manawa ana pasien kang anjaluk dhèwèké nembang utawa foto-foto, dhèwèké bakal nolak lan ngomong manawa dudu papané.[1]

Tompi nikah karo kenya ayu kang jenengé Arti Nadira, pepujaning atiné kang wus dipacari nganti 6 taun suwené.[1] Arti Nadira uga dhokter, nanging dhèwèké luwih preduli babagan kaséhatané Tompi.[1] Mulai saka pola mangan nganti bahan-bahan kanggo ngracik panganané.[1] Amarga perhatian saka Arti Nadira, Tompi ngakuni manawa dhèwèké ora nganggo panyedap panganan manawa masak.[1]

Miturut masalah Kleptokrasi kang dadi julukané Indonésia.[2] Tompi duwé pandapat, manawa indhustri musik ning Indonésia ora variatif.[2] Industri musik Indonésia namung ndelengi panjualan RBT.[2] Pembajakan uga wus umum ning kalangan masarakat Indonésia ora namung iku, ngunduh tetembanga gratis ning internet uga dadi pilihané masarakat tinimbang tuku sing legal.[2] dadi ora heran manawa Indonésia dijuluki nagara klepto.[2]

Amarga fenomina kang kaya mengkené iki, Tompi ngimbau marang masarakat kanggo tetep njurung musik ning nagara Indonésia supaya ora ana pambajakan.[2]

  1. a b c d e f g h i j k Artike Tompi dipununduh tanggal 5 Juli 2011
  2. a b c d e f g berita Tompi dipununduh tanggal 5 Juli 2011

Previous Page Next Page






Tompi ACE Tompi Spanish Tompi ID

Responsive image

Responsive image