Warteg utawi warung tegal, inggih punika salah satunggaling papan sadèan ingkang nyediakaken dedhaharan khas kabupatèn Tegal.[1] Warung ingkang asring pinanggih wonten kitha ageng punika kondhang sanget.[2] Warung ingkang lair saking astanipun para perantau asal laladan kabupatèn Tegal punika panci sampun nglebur kaliyan kauripan masarakat wonten ing kitha gedhé.[2] Warteg kados ta sampun dados bilik egaliter ingkang pundi strata sosial saking manéka golongan menapa kemawon dhahar wonten ing satunggal bangku kayu dawa kang kanthi boten mentingaken isin lan gengsi.[2] Warteg kondhang amargi warungipun ingkang nyediakaken kathah masakan nanging regi-regi dhaharan kaliyan ombènanipun langkung mirah kaliyan warung sanèsipun.[3] Warteg dipunanggep kaliyan masarakat mawi warung ingkang merakyat amargi boten namung kalangan wong cilik kemawon ingkang mampir warteg, nanging ugi saking tiyang sugih.[2]
Warteg limrahipun langkung saged kapanggih wonten ing laladan se-Indonésia, mliginipun wonten ing pulau Jawa.[3] Kitha ingkang kathah piyambak cacahipun warteg ingkang pinanggihan inggih punika kitha Jakarta.[2] Sesanèsipun wonten ing Indonésia, wonten ugi warteg ing nagari manca.[4] Nanging wonten satunggal prakawis ingkang dados geguyon wonten ing kasunyatanipun.[4] Nalika énggal-enggalané warteg kondhang wonten ing jamane, kathah tiyang wonten ing laladan-laladan sanès sami tepang kaliyan ingkang dipunnamani warteg, malah tiyang Tegal piyambak boten mangertosi menapa ingkang dipunwastani warteg.[5] Malah tiyang-tiyang laladan sanès ingkang ngertos.[5] Nanging sapunika, sampun kathah tiyang Tegal ingkang nyemplung wonten ing tlatah bisnis per-Warteg-an punika.[5]