Agama, uga diarani gama, iku tata utawa prinsip kapitayan kang manthep marang sang Gusti Pangéran, utawa uga diarani nganggo asma liyané kaya ta; Allah, Déwa, Sang Hyang Widi, lan sabanjuré. Agama uga ajaran-ajaran kabaktèn lan kuwajiban-kuwajiban kang ana gèndhèng-cènèngé karo kapitayan iku.
Tembung "agama" asalé saka basa Sansekerta kang tegesé "tradhisi". Banjur tembung liyané iku religi kang asalé saka basa Latin lan dhedhasar saka tembung verba "re-ligare". Iki tegesé "nalèni manèh". Karepé siji wong kang nduwé agama iku nalèni awaké karo sang Pangéran.
Ning Tanah Jawa lan uga Indonésia, ana limang agama kang paling akèh penganuté, yaiku: agama Islam, Kristen Protèstan lan Katulik, Hindhu, Ayyavali, lan Buda. Nanging ing Tanah Jawa uga ora sithik kang ngrasuk agama Jawa utawa lumrahé diarani Kajawèn. Agama iki lair saka pamikir asli wong jawa nanging uga ana pangaribawané saka prinsip-prinsip ajaran Hindhu lan Buda.
Kajaba iku wong-wong kang katurunan Tionghoa ya akèh kang ngrasuk ajaran Konghucu utawa Konfusianisme. Panganut agama Yahudi ing Tanah Jawa uga ana, sanadyan mung sithik cacahé. Semono uga ana wong-wong kang ora percaya karo salah sijining agama babar pisan. Golongan kang kaya mangkéné lumrahé diarani atheis, nanging sajatiné durung mesthi atheis amarga ana wong kang ora percaya agama nanging percaya karo Allah utawa Hyang Widi.