Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Alengka

Alengka utawa Krajan Alengka utawa Lanka (Sansekerta: लंका ; "lankā", tegesé “pulo”) iku jeneng siji krajan kang madeg ing siji pulo ing sisih kidul India kang diprintah déning Raja Rawana ing jaman Ramayana. Ing jaman saiki, krajan mau dikenal kanthi jeneng Sri Lanka. Krajan mau dibentengi déning siji plato antarané telu puncak gunung kang dikenal minangka Gunung Trikuta. Puncak kang paling dhuwur saka gunung mau dikenal kanthi jeneng puncak Adam. Kutha krajan Krajan Alengka ing jaman kuna naé diobong déning Hanuman.

Sawisé Rawana diprejaya déning Rama Ragawa, tahta krajan mau dipasrahaké marang adik Rawana, Wibisana. Sawisé iku, tahta krajan tansah dilenggahi déning keturunané, malah nganti ing jaman Mahabharata. Sajeroning kisah Mahabharata, Sahadewa ngunjungi nagari mau kanggo njupuk upeti kanggo njurung upacara Rajasuya kang diadani déning Raja Yudistira.


Previous Page Next Page






লংকা AS लंका AWA Ланка BE-X-OLD লঙ্কা রাজ্য Bengali/Bangla Lanka English لانکا FA लंका HI Alengka ID ランカー島 Japanese ಲಂಕಾ KN

Responsive image

Responsive image