Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Dhokter

Dhokter (saka basa Latin kang tegesé "guru") iku pawongan kang amarga kaèlmuané ngupaya nambani wong-wong lara kang diarani pasiyen. Ora kabèh wong kang nambani lelara bisa karan dhokter. Amarga, supaya bisa dadi dhokter lumrahé kudu ngayahi sekolah ing pawiyatan luhur lan pelatihan mirunggan saéngga duwé gelar ing babagan kadhokteran.

Supaya dadi dhokter, wong kudu ngrampungaké pendhidhikan ing sekolah kedhokteran sajeroning sawatara taun gumantung sistem kang dianggo déning universitas papan sekolah kedhokteran mau.

Ing Indonésia Pendhidhikan Dhokter ngacu marang siji Kurikulum Inti Pendhidhikan Dhokter Indonésia (KIPDI). Wektu iki dipigunakaké KIPDI III kang migunakaké sistem Problem Based Learning

Pendhidhikan dhokter ing Indonésia mbutuhaké 10 semester supaya dadi dhokter, 7 semester kanggo ngéntukaké gelar sarjana (Sarjana Kedhokteran/S.Ked) ditambah 3 semester koskap (clerkship) ing Rumah Sakit.

Dhokter sawisé mèlu pendhidhikan lanjut (spesialisasi) lumrahé dibedakaké dadi:


Previous Page Next Page






دكتور Arabic Doktor (elmi dərəcə) AZ Доктор Bulgarian ডক্টর (উপাধি) Bengali/Bangla Doktor BR Doktor (titula) BS Doktor Czech Doktor Danish Doktor German Διδάκτωρ Greek

Responsive image

Responsive image