Dhokter kulawarga iku dhokter sing profèsiné mligi minangka Dhokter Praktik Umum sing ngayahi Pelayanan Kaséhatan Strata Pisanan (pelayanan kaséhatan primer) kanthi nerapaké prinsip-prinsip Kedhokteran Kulawarga, kadhangkala dhokter kulawarga iki bisa duwé fungsi ing rumah sakit minangka koordinator, pambéla hak pasien lan kanca (advokasi) saka tindakan tindakan medhis sing manawa ora optimal.