Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Emilia-Romagna

Regione Emilia-Romagna
Ibukutha Bologna
Presiden Vasco Errani
(Olive Tree)
Provinsi Bologna
Ferrara
Forlì-Cesena
Modena
Parma
Piacenza
Ravenna
Reggio Emilia
Rimini
Kotamadya 341
Wewengkon 22.123 km²
 - Urutan ke-6 (7,3 %)
Populasi (2001)
 - Total

 - Urutan
 - Kepadatan


3.983.346
ke-8 (7,0 %)
180/km²
Peta kang nuduhake lokasi Emilia-Romagna ing Italia

Emilia-Romagna iku region ing sisih lorItalia dumadi saka rong region kang kebak sajarah Emilia lan Romagna. Region iki wujud segitiga kasar, diwatesi ing wétan déningSagara Adriatik, ing lor déning Kali Po, lan ing kidul déning Pegunungan Apennine. Kanthi kang ndunungi kang cacahé 4.030.000 sajeroning tlatah kang ambané 22.123 km² ing sensus 2003, region iki minangka region kang padhet kang ndunungi (mligi ing pérangan kang rata). Emilia-Romagna minangka salah siji region paling makmur ing Italia, lan panganané uga misuwur.

Pertanian minangka kagiyatan ékonomi kang paling utama: sereal, kenthang, tomat lan bawang iku kang paling wigati, ditambahwoh-wohan lan anggur kanggo nggawé ombènan anggur (kang paling kawentar yaiku Lambrusco, Sangiovese lan Albana).

Industri Emilia-Romagna uga séhat, mligi indhustri panganan lan pariwisata ing sadawané pasisir Sagara Adriatik.

Kutha mligi yaiku Bologna, minangka pusat sajarah, budaya, lan hiburan. Kutha wigati liyané yaiku Parma, Piacenza, Reggio Emilia, Modena, Rimini, Ferrara, Forli, Cesena, lan Ravenna.

Jeneng Emilia-Romangna asalé saka jaman Romawi Kuno. Emilia tegesé via Emilia, dalan wigati Romawi kang ngubungaké Roma karo tlatah Italia lor. Romagna iku owah-owahan saka Romània; déné Ravenna iku kutha krajan pérangan Italia saka Kakaisaran Bizantium.


Previous Page Next Page






Emilia-Romagna AF Emilia-Romagna ALS ኤሚልያ-ሮማኛ AM Emilia-Romanya AN إميليا-رومانيا Arabic Emilia-Romaña AST Emiliya-Romanya AZ امیلیا-رومانیا AZB Émilia-Romagna BAN Emilia-Romagna BCL

Responsive image

Responsive image