Fisika punika ngèlmu ingkang nyinaoni sadaya barang ingkang wonten gandhènganipun kaliyan fénoména ngalam. Anggènipun nyinaoni nganggé pitulung ngèlmu matématika.
Téyori fisika kathah dipunnyataaken ing notasi matématis, lan matématika ingkang kagunaaken limrahipun langkung rumit tinimbang matématika ingkang kagunaaken ing babagan ngèlmu sanèsipun. Bèntenipun fisika lan matématika inggih punika fisika wonten gandhènganipun kalih jagad matérial, manawi matématika gandhèngapipun kalih pola-pola abstrak ingkang boten mesthi wonten gandhènganipun kalih jagad matérial. Nanging, bèntenipun punika boten mesthi cetha. Wonten kathah wewengkon penlitén ingkang gandhèngan antawisipun fisika lan matématika, inggih punika fisika matématis, ingkang ngembangaken struktur matématis kanggé téyori-téyori fisika.
Istilah fisika punika saking basa Yunani: φυσικός (physikos), "alamiah", lan φύσις (physis), "alam". Fisikawan punika ngèlmu ingkang nyinaoni pratingkah lan sipat matéri ing babagan ingkang kathah macemipun, saking partikel submikroskopis ingkang minangka sadaya matéri (fisika partikel) ngantos pratingkah matéri jagad raya ingkang dados satunggal kesatuan kosmos.
Sapérangan sipat ingkang dipunsinaoni ing fisika punika sipat ingkang wonten ing sadaya sistem matéri ingkang ana, kados kukum kekekalan ènergi. Sifat kados makaten sok diarani kukum fisika. Fisika sok diarani “ngèlmu wigati dhasar”, amargi sadaya ngèlmu alam sanèsipun (biologi, kimia, géologi, lan sanès-sanèsipun) nyinaoni jinis sistem matéri tartemtu ingkang manut kukum fisika. Contonipun, kimia punika ngèlmu prakawis molekul lan zat kimia ingkang dipunbentuk. Sifat satunggaling zat kimia dipuntemtokaken déning sipat molekul ingkang minangka, ingkang saged dipunjelasaken déning ngèlmu fisika kados mekanika kuantum, termodinamika, lan elektromagnetika.