Geger iku wewengkon pérangan mburi (posterior) ing awak manungsa, wiwit saka ndhuwuring bokong munggah nganti dhuwuring gulu lan pundhak utawa bahu pérangan mburi. Laladan geger iki dumunung ing suwaliking dhadha, dhuwur utawa dawané ditemtokaké déning dawané balung geger (ing basa Inggris diarani spine utawa backbone). Rongga balung geger (spinal canal ana ing sadawaning balung geger lan diliwati saraf kanggo sakojur awak.