Gunung Krakatau | |
---|---|
Èlevasi | 813 metres (2,667 ft) |
Prominèn | 813 metres (2,667 ft) |
Isolasi | 21.71 kilometres (13.49 mi) |
Krakatau iku gunung geni kang isih aktip lan dumunung ana ing Selat Sunda antara Pulo Jawa lan Sumatra. Gunung geni iki tau njeblug nalika tanggal 26 Agustus 1883. Jeblugané gedhé banget lan tsunami kang diakibataké nganti niwasaké watara 36.000 jiwa. Nganti tanggal 26 Dhésèmber 2004, tsunami iki minangka kang gedhé dhéwé. Suwara jeblugan Gunung Krakatau nganti kaprungu saka Alice Springs, Australia lan pulo Rodrigues cedhak Afrika, 4.653 kilomèter. Daya ledhaké kira-kira nganti ping 30.000-né bom atom kang njeblug ing Hiroshima lan Nagasaki ing pungkasané Perang Donya II.
Jeblugan Krakatau njalari owah-owahan iklim global. Donya nganti peteng watara loro setengah dina akibat awu vulkanis kang nutupi atmosfer. Srengéngé suminar redhup nganti setaun lawasé. Hamburan awu katon ing Nurwègen nganti New York.
Jeblugan Krakatau iki sakbeneré isih kalah dibandhingaké karo jeblugan Gunung Toba lan Gunung Tambora ing Indonésia, Gunung Tanpo ing Niu Selan lan Gunung Katmal ing Alaska. Nanging gunung-gunung mau njeblug nalika populasi manungsa isih sethithik banget. Sauntara iku nalika Gunung Krakatau njeblug, populasi manungsa wis cukup padhet, sains lan tèknologi wis wiwit ngrembaka, telegraf wis tinemu, lan kabel ngisor sagara wis dipasang. Kacathet sajeroning sajarah yèn jeblugan Gunung Krakatau iku bencana gedhé pisanan ing donya sawiséh panemon telegraf ngisor sagara. Kamajuan mau, émané durung diimbangi déning kamajuwan ing babagan géologi. Para ahli géologi wektu iku malahan durung bisa mènèhi wedharan ngenani jeblugan mau.