Helsinki Helsinki – Helsingfors | |
---|---|
Kota | |
Helsingin kaupunki Helsingfors stad | |
Peparab: Stadi (for Helsinkians)
| |
Pamaréntahan | |
• Walikutha | Jussi Pajunen |
Situs wèb | www.hel.fi |
Helsinki (Basa Swèdhen: Helsingfors) iku kutha krajan sisan kutha gedhé dhéwé ing Finlan kang ndunungi ana 562.570 jiwa. Kutha iki dumunung ing pérangan kidul Finlan, ing gisiking Lempongan Finlan lan Sagara Baltik. Laladan urban Helsinki kalebu kutha Espoo, Vantaa, lan Kauniainen, kang karan uga Wewengkon Kutha krajan kanthi kang ndunungi 992.836 jiwa. Laladan Helsinki Raya (Greater Helsinki) nyakup luwih akèh kutha-kutha ing saubengé lan duwé 1.283.093 kang ndunungi kang tegesé siji saka papat kang ndunungi Finlan manggon ing laladan mau.
Helsinki iku pusat bisnis, kauangan, modhe, panglipur, médhia, lan budaya ing Finlan kanthi jajaran musiyum, gladri, lan papan tontonan. Kutha iki uga dadi gapura internasional Finlan. Helsinki duwé gunggung warga manca paling akèh ing Finlan. Wong manca iki dumadi saka watara 130 kawarganagaraan lan mayoritas saka Ruslan, Éstlan, lan Swèdhen.