Sajeroning babagan kimia, hidrokarbon iku siji senyawa sing kapérang saka unsur karbon (C) lan hidrogen (H).[1] Kabèh hidrokarbon duwé ranté karbon lan atom-atom hidrogen sing silih iket karo ranté mau. Istilah iku dipigunakaké uga minangka pangertèn saka hidrokarbon alifatik.
Minangka tuladhané, metana (gas rawa) iku hidrokarbon mawa siji atom karbon lan papat atom hidrogen: CH4. Etana iku hidrokarbon (luwih rinci, siji alkana) sing kapérang saka rong atom karbon dadi siji mawa siji ikatan tunggal, saben atom karbon ngiket telu atom hidrogen: C2H6. Propana duwé telu atom C (C3H8) lan seterusé (CnH2·n+2).