Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Hokusai

"Ombak Ageng Lepas Pasisir Kanagawa." déning Katsushika Hokusai. ukiran kayu mawi warna, 10 × 15 inci; Metropolitan Museum of Art, New York. Lukisan Hokusai ingkang misuwur sanget puniki limrahipun dipunenggé pelukisan satunggiling tsunami.

Katsushika Hokusai (葛飾北斎) (1760-1849) punika satunggiling seniman, juru lukis, juru patung kaliyan juru ukiyo-e Jepang rikala jaman Edo, ingkang lair ing Edo (sapunika Tokyo).

Pengarang buku gambar 13 jilid mawi sesirah Manga Hokusai (dipunwiwiti ing 1814) kaliyan cithakan blok "36 Pemandhangan Gunung Fuji" (kirang langkung taun 1823-1829), ingkang ugi kalebet "Ombak Ageng ing Lepas Pasisir Kanagawa", Hokusai dipunanggep salah satunggiling tokoh wigati ing babagan ukiyo-e, utawi "gambar donya ngambang" (pagesangan sadinten-dinte).

Hokusai ugi misuwur déning karya gambar erotisipun mawi gaya shunga. "Fukujusô" karyanipun, punika rangkéyan 12 gambar ingkang muji kagengan slira kaliyan adreng, mawi dipunanggep salah satunggiling saking tigang karya shunga ingkang saé piyambak. Karyanipun dados inspirasi wigati kanggé aliran impresionis Éropah kados Claude Monet.

Katsushika Hokusai punika langkung dipunajèni ing kabudayan Wétan tinimbang ing Jepang piyambak. Kathah karya pelukis Jepang ingkang dipunimpor dhateng Éropah ing abad kaping 19 saha dipunkolèksi artis-artis kados ta Claude Monet, Edgar Degas, kaliyan Henri de Toulouse-Lautrec, ingkang karya-karyanipun nedhahaken prabawa Jepang.


Previous Page Next Page