Situs jaringan (Inggris: website) utawa situs[1] yaiku pirang-pirang kaca web kang duwé topik kang gathuk, ana uga kang diwènèhi berkas-berkas gambar, video, utawa manéka jinis berkas liyané.[2] Sawijining situs web racaké papané ana ing siji server web kang bisa diakses liwat jaringan kaya internet, utawa jaringan wewengkon lokal (LAN) kanthi alamat internet kang karan URL. Gabungan kabèh situs kang bisa diakses publik ana ing internet uga karan Waring Wera Wanua utawa luwih kondhang diarani WWW. Ewasemana kaca utama situs internet racaké bisa diakses publik kanthi bébas, ing prakteke ora kabèh situs bisa mènèhi kabebasan marang publik kanggo ngakses, sapérangan situs web ngawajibake pangunjung kanggo ndaptar dadi anggota, utawa bisa uga njaluk bayaran supaya bisa dadi anggota lan bisa ngakses isi kang ana ing situs web iku, kaya ta situs kang nampilake pornografi, situs-situs pawarta, surel (e-mail), lan liya-liyané. Watesan-watesan iki ana jalaran keamanan, ngurmati privasi, utawa amarga tujuan komersil tartamtu.
Halaman web yaiku berkas kang ditulis kanggo berkas teks biyasa (plain text) kang diatur lan dikombinasi nganggo instruksi-instruksi kang berbasis HTML, utawa XHTML, kala-kala disisipi basa skrip sathithik. Berkas iku banjur diterjemahake déning peramban web lan ditedhahake kaya halaman ing monitor komputer.
Halaman-halaman web iku diakses déning naraguna liwat protokol komunikasi jaringan kang diarani HTTP, kanggo tambahan ningkatake aspek keamanan lan aspek privasi kang luwik becik, situs web bisa uga nganggo implementasi mekaisme pangaksesan kanthi protokol HTTPS.