|
Jumrah (basa Arab: jamarah, jamak: jamaraat) iku tugu saka watu kang dibalangi krikil sajeroning ritual ngibadah kaji. Dunungé ana ing Mina cedhak kutha Mekah lan cacahé ana telu, yaiku kang gedhé dhéwé jenengé Jumrah Aqabah, déné jumrah liyané kang luwih cilik jenengé Jumrah Ula lan Jumrah Wustha.