Kakao | |
---|---|
![]() | |
Wit kakao lagi woh | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Malvales |
Famili: | Malvaceae(Sterculiaceae) |
Génus: | Theobroma |
Spésies: | T. cacao |
Jeneng binomial | |
Theobroma cacao L. |
Kakao (Theobroma cacao) iku tetuwuhan awujud wit-witan sing asalé saka Amérika Kidul. Saka wiji tuwuhan iki diasilaké prodhuk olahan sing ditepungi dadi coklat.[1] Wiji kakao iki rasané pait lan kudu difermèntasi supaya rasané ora pait.[2] Sawisé dipanggang lan digawé bubuk, asilé dadi kokoa utawa coklat.[2]
Kakao kalebu tuwuhan taunan kang merlokaké lingkungan mirunggan kanggo bisa ngasilaké woh kang akèh. Lingkungan alami kakao ya iku ing alas udan tropis.[3] Ing laladan iki, suhu udara taunan dhuwur lan variasiné cilik, curah udan taunané uga dhuwur lan duwé mangsa katiga kang sedhéla.[3] Saliyané iku kalembapan udarané dhuwur lan intènsitas cahya srengéngé mung sithik.[3]
Panaliten DNA saka macem-macem jinis kakao nuduhake yen penanaman wit dening wong wiwit ing alas udan Peru. Pasinaon genomik nuduhake yen T. cacao nduweni kabhinane paling gedhe ing wilayah Amazon Luhur ing Amerika Kidul sisih Lor.[4]