Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Kapur

Kapur
Pabrik kapur ing Tagogapu, Padalarang, Bandung Kulon ing taun 1920-an

Kapur ya iku barang kang rupané putih kang duwèni tekstur alus lan digawé saka watu sedimén.[1] Kapur bisa maujud watu kang kasusun saka mineral kalsium.[1] Lumrahé kapur relatif kawujud ing pérangan njero sagara kanthi kaanan watu-watu kang ngandhut lempengan kalsium plates (coccoliths) kang kawujud déning mikroorganisme coccolithophores.[1] Kapur lumrahé uga tinemu ing batu api lan chert kang ana ing kapur.[1]

Watu kapur utawa kang diarani watu gamping kawujud saka pirang-pirang cara.[2] Cara organik, cara mekanik, lan cara kimia.[2] Watu kapur kang ana ing alam akèh-akéhé kawujud saka cara organik.[2] Watu kapur jinis iki kawujud saka thothok utawa omah kerang lan bekicot, foraminifera utawa ganggang kang ngendhap.[2] Kajaba iku uga kawujud saka kéwan-kéwan koral utawa kerang.[2] Watu kapur rupané ana sing putih susu, klawu enom, klawu tuwa, coklat nganti ireng.[2] Werna iki gumantung saka mineral kang nyusun watu kapur.[2]

Mineral karbonat kang lumrahé tinemu ing gamping ya iku aragonit (CaCO3).[2] Mineral iki kalebu mineral metastable.[2] Diarani mineral metastable awit ing wektu kang tinamtu bisa malih dadi kalsit (CaCO3).[2] Mineral liyané kang lumrahé tinemu ing watu kapur utawa dolomit ya iku Siderit (FeCO3), ankarerit (Ca2MgFe(CO3)4), lan magnesit (MgCO3).[2] Nanging mineral iki tinemu kanthi jumlah mung sithik.[2]

Kapur gunané bisa kanggo bahan yasan, indhustri karét, indhustri ban, dluwang, kanggo nggawé kapur tulis kang kena kanggo nulis ing papan tulis kang wernané ireng, lan liya-liyané.[2] Indonésia kalebu nagara kang lemahé ngandhut kapur kang cacahé akèh lan sumebar ing meh kabéh pulo-pulo ing Indonésia.[2] Nanging akèh-akéhé cadhanagn watu kapur ing nagara Indonésia manggon ing Sumatra Barat.[2]

  1. a b c d oase.kompas.com Archived 2011-06-25 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o tekmira.esdm.go.id Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)

Previous Page Next Page






Kryt AF चूना ANP طبشور Arabic Təbaşir AZ Аҡбур BA Miels BAT-SMG Крэйда BE Крэйда BE-X-OLD Креда (минерал) Bulgarian Kleiz (karregad) BR

Responsive image

Responsive image