Kendhil ( aksara jawa ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦶꦭ꧀) ya iku pot cilik kang digawé saka lemah lan digunakaké kanggo nyimpen lan masak panganan. Panganan kang umumé dimasak nganggo kendhil ya iku nasi liwet, janganan anget utawa bisa kagunakaké kanggo nggodhok jamu. Ukuran kendhil beda-beda miturut mumpangaté. Sawetara kendhil kang cilik mung dienggo kanggo nyimpen panganan kaya ta iwak lan petis .[1][2]