|
Khalifah iku sesebutan kanggo panguwasa sawisé Muhammad séda. Khalifah, manut tetembungané, nduwé arti "sesulih." Khalifah kang kondhang ana papat, yaiku Abu Bakar As Shidiq, Umar bin Khattab, Utsman bin Affan, lan Ali bin Abi Thalib. Khalifah papat iki asring sinebut Khulafaur Rasyidin. Sabubaré Khulafaur Rasyidin, ing jagad pamaréntah Arab dukuwasani déning Wangsa (Bani) Umayyah lan Wangsa Abbasiyah, banjur diterusaké Wangsa Utsmaniyyah. Nanging, kaanan sabubaré Khulafaur Rasyidin akèh dendra sairing karo thukuling prabédan kapitayan lan adu kuwasa.
Kanggo Singah, kang pantes lungguh dadi Khalifah yaiku Ali bin Abi Thalib. Dhasaré, Muhammad naté wasiat supaya kang nggantèkaké kapamimpinan iku Ali kang isih pernah sepupu lan uga mantu Kanjeng Nabi. Sing layak mimpin iku Ahlul Bayt utawa kulawarga Muhammad lan dipercaya maksum (kalis ing dosa).
Khalifah, mligi jaman Khulafaur Rasyidin dadi punjering kawicaksanan sawatara urusan agama lan papréntahan. Pamilihané ora ana kang gumathok. Nalika Abu Bakar diangkat, kalungguhan khalifah ditemtokaké kanthi pamilihan lan banjur dibaiat. Déné, Abu Bakar banjur nunjuk Umar bin Khattab dadi khalifah sabanjuré. Mula nalika Abu Bakar séda, Umar kang dadi khalifah. Umar ora nunjuk sapa-sapa. Nalika séda, para tokoh pilihan dikumpulaké lan milih Utsman bin Affan. Sawisé Utsman tilar donya, Ali bin Abi Thalib kang madeg khalifah. Dendra ing Arab dadi gedhé nalika Muawiyyah mbalela. Ali bin Abi Thalib kesingkir. Muawiyyah ngedegaké Wangsa Umayyah. Sawisé Wangsa Umayyah nyekel kuwasa, kalungguhan khalifah kaya déné ing karajan utawa monarki kang diwawas saka keturunan. Semono uga jaman Abbasiyah lan Utsmaniyah.