Konstruksi iku kagiyatan yasa sarana utawa prasarana. Sajeroning babagan arsitèktur utawa tèhnik sipil, siji konstruksi uga misuwur minangka yasan utawa ékan infrastruktur ing sawiji aréa utawa lahan.
Sanajan kagiyatan konstruksi misuwur minangka siji pagawéan, nanging nyatané konstruksi iku wujud ékan kagiyatan kang dumadi saka sawatara pagawéan liya kang béda-béda.
Lumrahé kagiyatan konstruksi diawasi déning manajer proyèk, insinyur disain, utawa arsitèk proyèk. Wong-wong iki nyambutgawé ing kantor, déné pangawasan lapangan lumrahé dipasrahaké marang para mandhor proyèk kang ngawasi buruh yasan, tukang kayu, lan ahli yasan liyané kanggo ngrampungaké kanthi fisik siji konstruksi.
Sajeroning prosès konstruksi lumrahé dianakaké perencanaan terpadu. Bab iki kagandhèng karo métodhe nemtokaké gedhéné béya kang diperlokaké, rancang-bangun, lan èfèk liya kang bakal kadadéan wektu pagawéan konstruksi. Sawijinig jadwal perencanaan kang apik bakal nemtokaké sukses orané sawiji pangyasa kagandhèng marang pendanaan, dampak lingkungan, kaamanan lingkungan konstruksi, kacumawisan material yasan, logistik, gangguan publik kanthi anané pagawéan konstruksi, persiapan dhokumèn dan tender, lan sapanunggalané.