Kutha (كوڟا), miturut dèfinisi universal, yaiku panggonan urban kang dibédakaké karo désa utawa kampung. Miturut ukurané, padheté kang ndunungi, kawigatèn, utawa status hukum.
Ing adminsitrasi papréntahan Indonésia, kutha iku pamèrangan wewengkon administratif ing Indonésia sawisé provinsi, kang dipimpin déning walikutha. Saliyané kutha, pamérangan wewengkon administratif sawisé provinsi yaiku kabupatèn. Lumrahé, kabupatèn lan kutha nduwé wisésa kang padha. Kabupatèn dudu ngisorané provinsi, amarga bupati utawa walikutha ora duwé tanggung jawab dhateng gubernur. Kabupatèn lan kutha minangka wewengkon otonom kang diwènèhi wewenang ngatur lan ngurus pamarèntahané dhéwé.
Biyèn wonten ing Indonésia, "kutha" iku kondhang mau Daerah Tingkat II Kotamadya. Wiwit lumakuné Undang-undang Nomor 22 Tahun 1999 prakara papréntahan Laladan, istilah Daerah Tingkat II Kotamadya cukup diganti kutha waé. Istilah "Kota" ing provinsi Nanggroe Acèh Darussalam karan kanthi "Banda"