Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Lempung

Lempung iku tembung umum tumrap partikel mineral mawa krangka dhasar siliket kang diameteré kurang saka 4 mm (mikromèter). Lempung ngandhut leburan silika lan/utawa aluminiyum kang alus. Unsur-unsur iki, silikon, oksigèn, lan aluminiyum wujud unsur kang paling akèh nyusun kendhangan bumi. Lempung kadhapur saka prosès lapuké waton silika déning asem karbonat lan sapérangan diasilaké saka aktivitas panas bumi.

Lempung mbentuk gumpelan atos nalika garing lan lèngkèt yèn teles kena banyu. Sipat iki ditemtokaké déning jinis mineral lempung kang ndhominasi bahané. Mineral lempung digolongaké dhedhasar susunan lapisan oksidha silikon lan oksidha aluminiyum kang mbentuk kristalé. Golongan 1:1 duwé lapisan siji oksidha silikon lan siji oksidha aluminiyum, sauntara iku golongan 2:1 duwé rong lapis golongan oksidha silikon lan salapis oksidha aluminiyum. Mineral lempung golongan 2:1 duwé sipat elastis kang kuwat, nyusut nalika garing lan dadi gedhé nalika teles. Amarga perilaku iki sawatara jinis tanah bisa mbentuk kerut-kerut utawa "pecah-pecah" yèn wis garing.


Previous Page Next Page






Klei AF Ton (Bodenart) ALS ሸክላ AM Archila (sedimento) AN صلصال Arabic Magre AST Llink'i laq'a AY Gil AZ Балсыҡ BA Muolis BAT-SMG

Responsive image

Responsive image