Lenga gas (basa Indonésia: lenga tanah, basa Inggris: kerosene utawa paraffin) iku cuwèran hidrokarbon kang tanpa warna lan gampang kobong. Dat iki diasilaké kanthi cara distilasi fraksional saka petroleum ing suhu 150 °C lan 275 °C (ranté karbon saka C12 nganti C15). Jaman dhisik dat iki kerep dianggo muinangka bahan bakar lampu lenga nanging saiki mligi dianggo bahan bakar mesin jet (luwih teknikal Avtur, Jet-A, Jet-B, JP-4 utawa JP-8). Sawijining wangun saka lenga gas dikenal minangka RP-1 dibakar nganggo oksigèn cair minangka bahan bakar rokèt. Jeneng kerosene diudhunaké saka tembung basa Yunani keros (κερωσ, malam).