Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Lepet

     

Lepet iku sawijining panganan tradhisional sing digawé saka beras ketan lan dibungkus nganggo janur. Isa dimangerteni yèn ana lepet iya mesthi ana kupat. Lepet, yèn ing laladan Rembang lan Pati racaké digawé ing wanci pitung dina sawisé bada/riyaya/Idul Fitri, lan lumrahé banjur sinebut bada kupat. Ing désa Trembulreja Kabupatèn Blora, nalika bada kupat dianakaké bancakan nganggo ambeng kupat lan lepet, nanging kang dibancaki iku sapi, supaya anggoné digunakaké nyambut gawé para tani bisa slamet lan gancar. Yèn ing Kabupatèn Kendhal, saliyané kanggo mahargya dina Idul Fitri, lepet uga digawé ing saben tanggal siji sasi sura, lan lumrahé uga mau adicara lepat sura.

Lepet uga ana sing nganggo kacang srondhol kanggo isiné.


Previous Page Next Page






Lepet English Lepet ID Bungkul KGE Lepet (Bangka) MIN Leupeut SU

Responsive image

Responsive image