Logam alkali iku golongan unsur kimia ing Golongan 1 tabel périodik, kajaba hidrogen. Golongan iki dumadi saka: litiyum (Li), natriyum (Na), kaliyum (K), rubidiyum (Rb), sésium (Cs), lan fransium (Fr). Kabèh unsur ing golongan iki reaktif banget, saéngga kanthi alami ora tau tinemu sajeroning wujud tunggal. Kanggo nyandhet reaktivitas, unsur-unsur logam alkali kudu disimpen sajeroning medium lenga.