Masalah Lua ing Modhul:Location_map larik 501: Unable to find the specified location map definition. Neither "Module:Location map/data/Philippines" nor "Template:Location map Philippines" exists. | |
Geography | |
---|---|
Location | Southeast Asia |
Coordinates | 8°00′N 125°00′E / 8.000°N 125.000°EKoordhinat: 8°00′N 125°00′E / 8.000°N 125.000°E |
Archipelago | Philippines |
Adjacent to | |
Area | 97.530 km2 (37.657 sq mi) |
Area rank | 19th |
Highest elevation | 2,954 m (9,692 ft) |
Administration | |
Demographics | |
Demonym | Mindanawon/Mindanaoan |
Population | 21,968,174 (Mindanao island group) |
Pop. density | 243 /km2 (629 /sq mi) |
Mindanao (//) iku pulo paling gedhé kaloro ing Pilipina. Mindanao lan pulo-pulo cilik sakiwa-tengené bisa kasebut golongan Mindanao. Miturut sensus taun 2010, Pulo Mindanao didunungi 20.281.545 cacah jiwa, nanging menawa digunggung karo padunung pulo sakiwa tengené dadi 21.968.174 cacah jiwa.
Miturut sensus cacah jiwa Pilipina ing taun 2015, Kutha Davao akèh dhèwè didunungi, kanthi didunung 1.632.991 cacah jiwa. Kutha liyané ing pulo iki ya iku Kutha Zamboanga (861.799 cacah jiwa), Kutha Cagayan de Oro (675.950 cacah jiwa), Kutha General Santos (594.446 cacah jiwa) lan Kutha Iligan (342.618 cacah jiwa).[3] Ing pulo iki, udakara 70% saka gungung cacah jiwa ngrasuk agama Kristen, lan 20% minangka Muslim. Mindanao dipérang dumadi 6 laladan ya iku Semenanjung Zamboanga, Mindanao Lor, Caraga, Davao, Soccsksargen, lan Laladan Swatantra Muslim Mindanao (ARMM).
Golongan ètnis asli saka Mindanao kaya ta Lumad (Tausugs, Subanons, Samals, lan Badjaos saka Semenanjung Zamboanga;[4] Bukidnon, Manobos, Mamanwas, Talaandig, lan Higaonon saka Mindanao Lor lan Caraga;[5][6] Bagobo lan Samal Mandayas saka Davao[7]), lan Moro (Paramata Bantogen, Mabaning Gandamatu, Daranda Mabagani, lan Maranaw) ing ARMM lan Soccsksargen.
Mindanao dianggep laladan kang ngasilaké gandum kanthi akèh dhèwè ing Pilipina.[8] Wolu saka sepuluh produk tetanèn akèh dhéwé kang diekspor saka Pilipina, dikasilaké saka pulo iki.[9]