Cithakan:Infobox lelara Osteoartritis (OA, kaloka uga minangka artritis degeneratif, lelara degeneratif sendhi), yakuwi kondisi nalika sendhi krasa nyeri akibat saka inflamasi ringan kang timbul saka anané gèsèkan pucuking balung panyusun sendhi.
Sajeroning sawijining sendhi, jaringan balung enom (basa Indonésia: balung rawan) kang biyasa ingaran kanthi jeneng ‘’kartilago’’ lumrahé nutup pucuking balung panyusun sendhi. Sawijining lapisan cuwèran kang ingaran cuwèran sinovial dumunung antarané balung-balung mau lan tumindak minangka bahan pelumas kang nyegah ujung-ujung balung mau gèsèkan lan silih ngikis antara siji lan sijiné.
Sajeroning kondisi kakurangan cuwèran sinovial lapisan kartilago kang nutup ujung balung bakal gèsèkan siji lan sijiné. Gèsèkan mau bakal agaw’e lapisan mau tansaya tipis lan wusanané bakal nimbulaké rasa nyeri.