Ovarium utawa indung endhog iku klanjer kelamin wadon kéwan lan manungsa.
Ing makluk vertebrata kalebu manungsa, duwé ovarium loro kang fungsiné mrodhuksi sel endhog lan ngetokaké hormon. Sapérangan gedhé manuk mung duwé ovarium siji kang bisa berfungsi kanthi becik, lan ula duwé ovarium loro kang kasusun berbaris.