Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Parmigiano-Reggiano

Irisan Parmigiano reggiano

Cithakan:Infobox Cheese

Parmigiano-Reggiano inggih punika kèju mawi tekstur atos saking susu sapi ingkang dipundamel ing laladan-laladan ing Italia déning ingkang damel kèju kagabung ing Consorzio Formaggio Parmigiano-Reggiano.[1][2] Consorzio Formaggio Parmigiano-Reggiano inggih punika organisasi swatantra ingkang ngurus babagan produk susu.[2] Keju punika dipundamel ugi ing nagara sanès kados ta Argentina, Australia, lan Amérikah Sarékat anthi nama parmesan.[3] Namung kèju ingkang dipundamel ing Italia ingkang saded dipunsebat Parmigiano-Reggiano.[3] Keju punika pikantuk namanipun saking laladan minangka papan minangka kèju kaebut dipundamel.[4] Parmigiano ateges saking Parma wonten ing Basa Italia.[4] Déné Reggiano tumuju ing laladan Reggio-Emilia.[4] Keju punika dipundamel ing sapérangan laladan ing Italia, kados ta Bologna, Modena, Parma, Reggio Emilia, lan Montova.

  1. Parmigiano-Reggiano DOP, Academia Barilla.
  2. a b Parmigiano-Reggiano, The King of Cheeses, The Nibble.
  3. a b Parmesan Cheese Buying and Storing Tips, I Love Cheese.
  4. a b c Cheese, Glorious Cheese! Archived 2010-04-02 at the Wayback Machine., Select Italy.

Previous Page Next Page