Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


RCTI

RCTI
PT Rajawali Citra Televisi Indonésia
Slogan"SEMAKIN OKE" (2013-saiki), "RCTI OKE" (1994-2013), Kebanggaan Bersama Milik Anda (1993-saiki), Saluran Informasi & Hiburan (1991-1993), Menghadirkan Pentas Dunia Di Rumah Anda (1989-1991)
Diluncuraké24 Agustus 1989
Sing duwéMNC TV
Kantor pusatJakarta, Indonésia
Saluran afiliasiGTV (2003-saiki), MNCTPI (2003-saiki), Indosiar (1995-1996), SCTV (1990-1996), Metro TV (2000-2003)
Situs webhttp://www.rcti.tv

RCTI (Rajawali Citra Televisi Indonésia) iku sawijining stasiun télévisi swasta Indonésia kang kapisan. RCTI sepisanan ngangkasa tanggal 13 November 1988 lan diresmèkaké 24 Agustus 1989. Ing wektu semana, giyaran RCTI mung bisa ditampa déning pelanggan kang duwé dékodher lan mbayar urunan saben sasi.

RCTI nyopot dékodheré ing pungkasan 1989. Pamaréntah ngidinaké RCTI ngayahi giyaran bébas kanthi nasional wiwit taun 1990 nanging nembé mawujud ing pungkasan 1991 sawisé gawé RCTI Bandhung ing tanggal 1 Mèi 1991. Taun 2004 RCTI kalebu stasiun télévisi kang gedhé ing Indonésia. Wiwit Maret 2004, RCTI diduwèni déning Media Nusantara Citra, golongan parusahan médhia kang uga duwé GTV lan TPI. RCTI duwé hak siar kanggo ajang bal-balan pinunjul Éropa, Euro 2008 bebarengan karo GTV lan TPI.

Sesanti RCTI yaiku "SEMAKIN OKE".


Previous Page Next Page






آر سي تي آي Arabic আরসিটিআই Bengali/Bangla RCTI Catalan Rajawali Citra Televisi Indonesia German RCTI English RCTI Spanish Rajawali Citra Televisi Indonesia Finnish RCTI French RCTI ID RCTI Italian

Responsive image

Responsive image