Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Sagara

Aksara Latin
     
Matahari sainggiling sagara

Sagara (krama: saganten), uga ingaran tasik utawi laut punika kempalan toya asin saha kahubungaken kaliyan samodra utawi tlaga ageng ingkang padatanipun ngandhut toya asin, kirang gadhah saluran alam kados déné Seganten Kaspia lan Laut Mati. Istilah seganten asring dipun-ginakaken minangka sinonim kaliyan samodra. Tlaga ageng, kados ta Great Lakes, kadhangkala dipunwastani seganten dharat. Kathah seganten ingkang kalebet kategori marginal sea, inggih punika seganten ingkang arusipun dipunsababaken déning angin; déné jinis sanèsipun kados seganten mediterranean, ingkang arusipun kasebabaken déning béda salinitas lan suhunipun toya. Organisasi Hidrografi Internasional (IHO) minangka organisasi internasional ingkang gadhah kakuwasaan bab ndèfinisikaken seganten. Définisi ing wekdal punika kasebat wonten ing satunggaling dokumèn Special publication S-23, Limits of Oceans and Seas Archived 2007-11-02 at the Wayback Machine., 3rd edition, 1953.


Previous Page Next Page






Амшын AB Laôt ACE See AF Meer ALS ባህር AM Riyar AMI Mar AN ANG Okwaan̄ ile ANN بحر Arabic

Responsive image

Responsive image