Palandhungan/Plandhungan (Basa Jawa Krama) utawa Konthol (Basa Jawa Ngoko), Skrotum (Basa Inggris) : yaiku kanthong (dumadi saka kulit lan otot) ingkang mbungkus pringsilan/testis utawa njerone palandhungan sing kaya endhog sing jumlahe loro. Palandhungan dumunung antarané palanangan lan silit/anus sarta ing angarepé perineum. Ing organ wanita, pérangan iki sarupa karo labia mayora.
Ing palandhungan manungsa lan sawatara mamalia bisa dumunung rambut pubis/jembut. Rambut pubis wiwit tuwuh nalika mangsa diwasa/baligh/pubertas.