Sura utawa sajeroning kalèndher Hijriah karan Muharam iku sasi pisanan ing Kalèndher Jawa. Tumraping wong Jawa, sasi iki dianggep wigati banget amarga dadi sasi kang pisanan. Ing sasi Sura iki sawatara masarakat Jawa isih mèngeti kanthi manembah marang Gusti kang gawé urip.[1]. Mliginé ing dina wiwitan ya iku Siji Sura, sawatara masarakat ana kang ngayahi panyucèn dhiri kanthi adus ing kali, sendhang, sagara, utawa ing ngomah lan sawengi muput ora turu. Déné golongan masarakat liyané ana kang nanggap lan nonton wayang kulit lan ana uga kang ziarah menyang panggonan suci lan nglakoni tapabrata utawa mèdhitasi. Tanggal siji Sura uga wektu kang becik kanggo ngresiki pusaka, kaya keris, tumbak lsp.[2]. Ing kapercayan Jawa isih akèh kang percaya ora gelem nganakaké pahargyan wigati kaya déné mantu (palakrama) ing sasi Sura.