Taun Jawa iku cacahé ana wolu lan ditata sajeroning siklus wolung taunan kang karan windu. Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, ya iku: windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya. Ana sawatara ciri wigati sajeroning pranatan taun Jawa, ya iku: nguri-uri kabudayan asli Jawa kaya déné pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan sapanunggalané), sarta Primbon lan pétungan Jawa liyané. Bisa nglestarèkaké kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan kagunan lan atusan taun ngrenggani kabudayan Jawa, uga nyelaraské karo pétungan Arab kaya déné pananggalan Hijjriah kanggo nggampangaké mèngeti dina-dina riyaya lan ngibadah Islam.