Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Tembung ancer-ancer

Tembung ancer-ancer (kata petunjuk) yaiku sarupaning tembung kang mratélakake ancer-ancer tumrap dunungé kaanan loro, yaiku maujud karo maujud, kriya karo kriya, utawa maujud karo kriya. Dadi tembung kapindho iku kadhapuk katrangan tumrap, tembung kang kapisan (tembung kang buri adhapuk katrangan tumraping tembung kang ngarep).

Kang kalebu tembung ancer-ancer: ing, menyang, saka, kanggo, marang, déning, wiwit, karo, kadya, mawa, minangka, amrih, murih, manut, kanthi, menyang, ngenani, kaliyan, mungguh, sareng, miturut, lsp.

Tuladha:

  • Lungguh ing kursi.
  • Lunga menyang Ngayogyakarta.
  • Layang iki aturna marang bapak.
  • Kowe iki saka ngendi, tekamu kok nganti kasep.
  • Aja girang gumuyu, rasakna, mati déning aku.
  • Putra ing Dwarawati.

Previous Page Next Page








Responsive image

Responsive image