Tumbak utawa lembing yaiku pusaka utawa gaman kang akèh tinemu ing tlatah donya amarga peradaban mangsa, mligi amarga saka panggawéné kang luwih gampang. Tumbak uga kagolong pusaka kanggo ajag utawa perang, pérangané kapérang dadi rong pérangan yaiku watang kang duwé mupangat kanggo cekelan lan mata utawa endhas tumbak kang lancip. Bebarengan karo piranti kampak, tumbak iku minangka piranti (perkakas) kang digawé manungsa miturut mangsa lan tuwuhing pradaban. Mata tumbak lan kampak kang asal usulé wujud balung utawa watu banjur diganti karo waja utawa logam kang luwih becik lan kuwat.