Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Untu

Untu simpanse
Pérangan saka untu molar manungsa

Untu (basa krama: waja) punika pérangan atos ingkang wonten ing lebet tutukipun kathah vertebrata. Waja gadhah struktur ingkang kathah variasinipun ingkang mungelaken waja-waja puniki kanggé nglakokaken kathah tugas. Fungsi mligi waja punika kanggé nyuwèk lan mamah dhaharan lan ing sapérangan kéwan, mligi karnivora, minangka senjata. Oyoté waja katutup déning wingkisan. Waja gadhah struktur pelindung ingkang karan émail untu, ingkang mbiyantu nyegah bolongipun waja. Pulp lebet waja nyiut lan dentin kadheposit ing papanipun.

Waja punika pérangan paling mbédakaken ing jinis mamalia ingkang béda, lan salah satunggalingipun ingkang saged dados fosil kanthi saé. Paleontologis miginakaken kanggé ngidentifikasi jinis fosil lan asring gegandhéngan ing antawisipun. Wangun waja magepokan kaliyan jinis dhaharan kéwan punika. Umpaminipun hèrbivor gadhah kathah waja graham kanggé mamah amargi rumput sisah dipuncerna. Karnivora mbetahaken taring kanggé mejahi lan nyuwèk, lan amargi daging gampil dipuncerna, mila kéwan-kéwan punika saged ngeleg dhaharan wau tanpa mbetahaken graham kanggé mamah dhaharan wau rumiyin.


Previous Page Next Page






Tand AF Zahn ALS ጥርስ AM Wadis AMI Dient AN Tōþ ANG سن Arabic ܫܢܐ ARC দাঁত AS Diente AST

Responsive image

Responsive image