Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Usus kosong

Diagram usus alus (kanthi labèl small intestine)

Usus kosong utawa jejunum (sok asring ditulis yeyunum) iku pérangan kapindho saka usus alus, ing antarané usus rolas driji (duodenum) lan usus panyerepan (ileum). Dawané kabèh usus alus ing manungsa diwasa antarané 2-8 mèter, 1-2 mèter iku pérangan usus kosong. Usus kosong lan usus panyerepan digantungaké ing njeron awak kanthi mesenterium.

Permukaan njero usus kosong wujud membran mukus lan ana jonjot usus (vili), sing miyaraké lumah usus. Sacara histologis bisa dibédaaké karo usus rolas driji, ya iku saya kurangé klanjer Brunner. Sacara hitologis uga bisa dibédaaké karo usus panyerepan, ya iku sithikké sel goblet lan plak Peyeri. Rada angél kanggo mbédaaké usus kosong lan usus panyerepan kanthi makroskopis.

Jejunum diturunaké saka tembung sipat jejune kang ateges "ngelih" ing basa Inggris modhérn. Teges asliné asalé saka basa Laton, jejunus, kang ateges "kosong".


Previous Page Next Page






صائم (تشريح) Arabic Acı bağırsaq AZ Parut lilit BJN জেজুনাম Bengali/Bangla Jejunum BS Jejú Catalan Lačník Czech Этемĕн ырхан пырши CV Jejunwm CY Hungertarmen Danish

Responsive image

Responsive image