Usus rolas driji utawa duodenum iku péranganing usus alus kang papané sawisé lambung lan nggandhengak karo usus kosong (jejunum). Pérangan usus rolas driji wujud pérangan paling cendhak saka usus alus, diwiwiti saka bulbo duodenale lan pungkasané ing ligamentum Treitz.
Usus rolas driji iku organ retroperitoneal, kang ora kabungkus kabèh déning selaput peritoneum. pH usus rolas driji kang normal kisarané ing sangang drajat.
Jeneng duodenum asalé saka basa Latin duodenum digitorum, kang tegesé rolas driji.