Watu iku sajinising material kang awujud saka mineral lan kapilah miturut komposisi mineral. Pamilahan iki digawé dhedhasar:
Watu-watu lumrahé dipérang miturut prosès dumadine, lan kanthi dipecah ing 3 (telung) kumpulan gedhé yaiku:
Watu igneus iku watu kang dumadi saka magma cair, watu endhapan liwat endhapan lan tekanan bahan tinamtu, lan batu métamorfosis liwat salah siji saka 2 (rong) cara kang mau mau sawisé salin rupa amarga suhu lan tekanan. Ing sawatara kasus-kasus nalika bahan organik ninggal tilas ing watu, dadiné fosil.
Kerak Bumi (kalebu litosfer) lan mantèlé dumadi saka watu. Ing yasan, watu racaké kanggo pondhasi kang dhuwur bangunané kurang saka 10 mèter. Watu uga kagunakaké ing candhi. Watu uga bisa kagunaake barang kerajianan kaya ta patung.[1]